Nuwun,
Ingkang pantes
sinudarsono Direktur PT Husada Medika, Bapak Joyo Dipuro,
Ingkang pantes pinundhi, Kades Sidomukti, Bapak Tri Joko,
Ingkang pantes pinundhi, Kades Sidomukti, Bapak Tri Joko,
Bapak-bapak, Ibu-Ibu,
lan para rawuh sedaya ingkang kawula mulyaaken. Sugeng enjing…
Monggo kita samiya
tansah ngunjukaken puji syukur wonten ing ngarsanipun Allah Ingkang Maha Kuwaos
ingkang sampun paring berkah kasarasan lan keslametan dhumateng kita sedaya,
saengga ing wekdal menika kita saged makempal wonten ing papan menika saperlu
nyekseni acara Sunatan Massal ingkang badhe dipun leksanakaken wekdal menika.
Saderengipun, keparenga
kawula ngaturi pirsa bilih sunatan massal menika saged kaleksanan amrih saking
kamurahan para donatur lan sponsor ingkang sampun ambiyantu, inggih menika PT
Mandiri Perkasa, PT Husada Medika, PT Medika Persada, Klinik Bersama Karya
Husada, lan sanes-sanesipun ingkang mboten saged kawula sebutaken sedaya. Mila
kawula, atas nami sedaya anggota Panitia Sunatan Massal lan masyarakat sekitar
kecamatan Manismadu lan kecamatan Rengganis, ngaturaken matur nuwun kagem para
donatur sedaya. Mugi amal panjenengan sedaya sageda ketampi wonten ing
ngarsanipun Gusti Allah Ingkang Maha Kuwaos. Amin.
Salajengipun, keparenga
ugi kawula ngaturaken bilih ing Sunatan Massal menika, wonten 125 lare ingkang
siyap dipun khitan. Lare-lare menika saking wilayah kecamatan Manismadu lan
kecamatan Rengganis lan sekitaripun. Panitia ugi sampun nyiapaken bingkisan
kagem lare-lare menika ingkang arupi sarung, peci, tas sekolah, buku lan
peralatan sekolah. Bingkisan menika ugi sumbangan saking para donatur lan
sponsor.
Wonten ing wekdal
menika, kawula ugi badhe nyuwun datheng Bapak Bupati Kepala Desa Sidomukti,
supados mbikak acara Sunatan Massal menika kanthi resmi.
Wasono mekaten ingkang
saged kawula aturaken ing wekdal menika. Kawula nyuwun gunging pangaksami
dhumateng para rawuh sedaya umpami anggenipun kawula matur wonten
klenta-klentunipun. Matur nuwun, sugeng enjing.